Rabu, 19 Maret 2014

khutbah jumat [bhs jawa]



Tugas Basa Jawa
Khutbah Jumat

Kaum Muslimin Jamaah Jum’ah Rahimakumullah.

Saderengipun, monggo kula panjenengan sami tansah eling lan bersyukur dhumateng Allah swt, amargi wekdal punika kula panjenengan sami taksih pinaringan karunia ingkang kathah. Saengga, kula panjenengan sami saged makempal wonten masjid punika kangge ngleksanakaken shalat Jumat, kangge mujudaken pangabekti kula panjenengan sami dhumateng Allah swt. Sok sinteno ingkang syukur dhumateng Allah, Allah badhe nambahi nikmat ingkang kathah. Lan tiyang ingkang mboten purun bersyukur, kanthi ngibadah ngabekti dhumateng Allah, mbenjang Allah badhe nyiksa kanthi siksa ingkang awrat sanget. 

Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang minulya,

Pegesangan kula panjenengan sami wonten ing keluargo, masyarakat, bangsa, lan negaro tentunipun kepingin dados pagesangan ingkang tata tentrem kerta raharja. Kangge nggayuh pagesangan ingkang kados mekaten niku wau dipunbetahaken usaha ingkang awrat sanget. Wonten ing kalodhangan menika, kita badhe mbahas bab-bab ingkang kedah kita laksanakaken supados pangesangan dados tata tentrem kerta raharja.

Salah satunggaling kunci ingkang kedah dipunlaksananakaken ing pribadi saben-saben tiyang inggih punika sifat welas asih hanresnani marang sesami.
Endah, tentrem, raharjaning gesang saged karaosaken bilih welas asih sampun njilma ing pagesangan sabendinten. Supados saged welas asih, kula panjenengan sami kedahipun sami ngormati tiyang sanes. Saenggo mboten suudhan, mboten metani eleking liyan, ugi mboten golek-golek salahe tiyang sanes.

Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang minulya, 

Supados gesang ing masyarakat saged welas asih hanresnani, kedahipun sami maringi pepiling, paring nasehat lan sami ngemutaken. Saengga menawi wonten sedherekipun ingkang badhe tumindak ala, mboten ngantos kaleksanan amargi wonten sedherekipun ingkang ngemutaken. Menawi wonten sedherek ingkang sampun tumindak mboten sae, dipun elingaken saenggo tumindak ingkang mboten sae menika mboten dados pakulinan. Menawi kados mekaten menika, ingkang badhe ngraosaken untungipun inggih sedaya tiyang ingkang gesang bebrayan ing masyarakaat meniko piyambak. Pramila meniko, nasehat, pepiling, pengemut-emut, menika sanget dipun betahaken sedaya tiyang gesang. 

Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang dipun rahmati Allah

Menika kala wau perkawis-perkawis ingkang saged ndadosaken pagesangan kulo panjenengan sami dados tata, tentrem, kerta raharja. Perkawis-perkawis kala wau Ingkang sepindah inggih menika saben-saben tiyang kedah bertakwa. Selajengipun seben tiyang kedah nggadhahi sifat welas asih hanresnani marang sesami. Welas asih hanresnani menika saged kawujud menawi saben-saben tiyang sami ngormati tiyang sanes, tulung tinulung ing babagan kesaenan, lan sami emut ngemutaken. Menawi perkawis-perkawis kala wau sampun kalaksanan wonten ing salah satunggaling panggenan, Allah mesthi badhe paring  pagesangan ingkang tata tentrem kerta raharja, ingkang salajengipun Allah badhe ndadosaken papan panggenan menika papan ingkang gemah ripah loh jinawi. Mugi-mugi kula panjenengan tansah angsal pitulungan ugi pitedah saking Allah swt, saengga kula panjenengan sami saged ngraosaken endahipun gesang. Amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar