Rabu, 19 Maret 2014

seseorah HUT SMA



Tugas basa jawa
Sesorah HUT SMAN 1 Karanganom

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Kula nuwun,
          Bapak kepala SMAN 1 Karanganom saha bapak ibu guru karyawan ingkang kula kurmati, sarta kadang-kadang SMAN 1 Karanganom ingkang kula tresnani, Langkung rumiyin, mangga sami munjukaken puja puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang maha mirah, awit sih nugraha sarta berkahipun, kula panjenengan sami saged pinanggih ing papan mriki kanthi bagya mulya kalis ing sambikala.
Salajengipun, kula ngaturaken sugeng rawuh mugi-mugi rawuh panjenengan saged adamel regenging swasana. Awit saking punika kula ngaturaken agunging panuwun. Boten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun ugi dhumateng Bapak kepala sekolah ingkang sampun paring idin palilah murih kaleksananipun sedaya pengetan ambal warsa sekolah punika. Ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindan dhumateng bapak saha ibu guru sumrambah karyawan ingkang keparing paring eguh pratikel murih pratitising adicara punika.
Bapak saha ibu guru sarta kadang-kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya. Dene wosing gati panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika saperlu mengeti dinten ingkang mirunggan punika. Wondene ancas ingkang kinandhut mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ningkataken prestasi tuwin akhlakipun para siswa mliginipun.
Kados namung semanten ingkang saged kula aturaken dumateng para rawuh sedaya, pramila mbok bilih anggen solah bawa saha pranataning basa kula kathah klenta-klentunipun, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Awit kawigatosanipun panjenengan sedaya kula aturaken matur nuwun.
Wa’alaikumsalam Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar